Panyandra Temanten

Written By riyadu's blogs on Senin, 05 Mei 2014 | 22.18


Panyandra Temanten
Swuh rep data pitana, henenggih pundi ta nagari ingkang adi dasa purwa, eka marang sawiji, adi linuwih dasa sepuluh, purwa wiwitan. Hanenggih punika nagari hadiningrat, mila kinarya bebukaning panyandra satunggaling nagari ingkang rinengga-rengga sagunging kaendahan rerupen ingkang maneka-warna, satemah handadosaken adi miwah asri peni hing pandulu. Ingkang sadaya kala wau sayekti mratandhani bilih, sakalangkung ageng raos bombong bingahipun ingkang hangrenggani wisma hamangku karya, hinggih panjenenganipun Bp………………… hingkang kepareng hamiwaha ingkang putra temanten sekaliyan, ingkang wekdal samangke sampun kepareng jengkar saking palenggahan tumuju mring sasana busana arsa gantos pengageman,
punapa ta menggah pengageman ingkang den agem putra temanten sekaliyan, temanten sekaliyan mangagem busana kaunggulaning busana ingkang endah ing warni pating galebyar, pating karelap sunare hangebaki salebeting wisma pawiwahan mubyar sumunar kadya sesotya tinaretes kang kinarya rerengganlng busana. Satemah hanambahi kawibawane putra panganten sekaliyan ingkang katingal pekik myang sulistya ing warni wadanane sumunar. Lamun cinandra sirna sipating janma pindha sang Ywang Bathara Kamajaya miwah Bathari Ratih mangejawantah.
Tindaking sri panganten sekaliyan den arak patah sakem¬baran ingkang sarwa sami, dedeg piadege, hangagem busana ingkang sarwi kembar, dhasar taksih timur. Inggih punika anak ayu rara ………….. dalah anak ayu rara ……………. ingkang hanggambaraken raos sih katresnan sri panganten kekalih ingkang datan saged pinisahaken sakedhap kemawon.
Hanenggih sinten ta ingkang pinitados minangka suba manggalaning lampah, Wenang den ucapna hasesilih panjene¬ nganipun Bp …………… ingkang hanggadhahi daya kawibawan agung ingkang satemah saged anyirep saliring tumindak.
Lamun cinandra kadya Sang Hyang Bathara mangejawantah, mangarsani tindakipun sri temanten sekaliyan ingkang asesanti ‘hing ngarsa sung tuladha’ . Yekti manawi suba manggalaning lampah satunggaling priyantun ingkang lebda ing pradangga, katitik satindak-satindak tansah mawi let wilahaning wirama gendhing. Tindakipun sri temanten sekaliyan ing sawingkingipun kadherekaken satriya sakembaran. Sigit lan santosa dedeg piadegipun. Lah sinten ta ingkang dados satriya sakembaran punika, wenang den ucapna sesilih nak mas ……………. miwah nak mas……………… ingkang samangke taksih ngudi kawruh wonten pawiyatan …………. mila para manggala suba gagah prakosa sampun pantes manawi saged njagi ruwet-rentenging penggalih saha rubedane penganten sarimbit.Sinambutan ginarubyug sagunging putri dhomas cacah kawan atus. Ingkang sayekti sulistya ing warni dhasar taksih mudha hangagem busana ingkang sarwi edi peni. Dhasar wasis hangadi sarira dhemes luwes merak ati, yen sinawang saya dangu, saya hangranuhi trengginas tindake sajak tregal-tregel nyemelangi nanging mboten nguwatosi. Sanggyaning para putri dhomas ingkang pindha widodari cakra kembang tumurun kanthi suka pah sukaning manah andherekaken tindakipun sri temanten sekaliyan kanthi asesanti Ing Madya Mangun Karsa Tut Wuri Handayani.

Ing sapungkuring putri dhomas jumeneng rama ibu ingkang tansah tut wuri handayani kinarya panutuping lampah, mila raos ayem tentrem hanglimputi ing salebeting wardaya putra temanten sekaliyan. Ing salebeting batos amung tansah maminta nugrahaning Pangeran ingkang Maha Agung mugi-mugi putra panganten sekaliyan tansah pinayungan ing panguwaosipun tansah manggih kayuwanan, kasembadan punapa ingkang dados gegayuhanipun ingkang utami tumuju murih tentreming bebrayan agung. Mongkog raosing panggalihipun rama ibu, dupi haningali sri temanten sekaliyan gegandhengan asta, katingal atut runtut reruntungan ingkang anggambaraken manunggaling raos katresnan lahir tumusing batos. nDungkap prapta ing sasana busana putra temanten sekaliyan, mila para kadang kridha dharma ing pepungkuran samya alok sorak rame asung pakurmatan, asung marga kinen angurmati sri penganten sekaliyan nggenya arsa manjing ing panti pambusanan.
Panyandrra Kirab Kasatriyan
Paripurna ing gati anggenipun sri temanten gantos pengageman mila lajeng kepareng badhe wangsul ing ngarsanipun sagunging prayagung tamu sadaya. Katon cumlorot saking katebihan sampun kawistara sunaring pasuryanipun putra penganten sekaliyan ingkang kairit suba manggalaning lampah, katingal tlemek-tlemek lampahira anganut wiramaning gendhing. Dhasar wibawa dhemes tuwes angadi sarira rereh ririh ruruh ingkang respati sayekti hadamel luluhing sagunging pamirsa.
Sayekti pantes yenta pinitados mangka manggalaning lam¬pah, sakedhap-sakedhap noleh mawingking katingal sri temanten sekaliyan ingkang sampun ngrasuk busana kapangeranan sayekti hanambahi pekik myang sulistya ing warni miwah kawibawanipun mancorong wadanane sumunar bingah pindha narendra mudha jumenengan engga lamun cinandra yayah risang bagus Dananjaya ingkang hanganthi risang garwa Kusumaning Dyah Ayu Dewi Wara Subadra arsa tindak lelana lelangen suka mring madyaning patamanan ingkang endah asri edi peni. Ginarubyug sanggyaning para putri dhomas yen cinandra kadi widadari sakethi kurang sawiji, ingkang maksih tetep setya manembrama tindaking sri penganten sekaliyan.
Sanadyan ta maksih radi sawetawis anggenipun nyrantos risang penganten sekaliyan nanging maksih ketingal bingar pangageman ingkang den agem katon edi endah karana pinilihaken busana babaran enggal, mila wonten ingkang sami anguda raos kados pundi raosipun manembrama tindaking sri penganten ingkang nedheng kinirabaken.
Dhasar busananipun sarwi endah ingkang angagem sami endah ing warna sami asarira kuning nemu giring pakulitane mawa cahya yen cinandra kadya kancana sinangling. Katingal suka pari suka ing wardaya andherekaken tindaking sri penganten sarimbit: Sakalangkung katingal suka penggaiihipun inggih punika rama dalah ibu ingkang tansah hangetut wuri handayani, dupi nguningani ing salebeting wisma pawiwahan taksih kebak sagung para tanmu ingkang mratandhani bilih maksih anggung inuberan palimarma tumanduk dhumateng sri penganten sarimbit mugi-mugi nggenya badhe nggelar layar wonten samodraning bebrayan tan¬sah manggih suka rahayu kang sarwi tinemu.
Sampun prapti unggyan kang tinuju lampahira risang raja sadina ratu sadalu, daya-daya suba manggalaning lampah asung sasmita marang kang nembe kawiwaha lenggah ing sasana kursi rinengga ingkang sampun sumadya, marma cinendhak ponang panyandra.

Panyandra Kirab Temanten I
Lamat-lamat wus katon tejane sumunar cahyane nenggih sang anyar katon ingkang saweg winiwaha, lah punika ta yen cinandra kirabing penganten, datan kadi dhauping Rara …………. kalawan Bagus …………. ingkang katiti mangsa surya …………. tinengeran ing dinten pinilih …………….
Sawatawis dennya lelenggahan sri penganten ing sasana kursi rinengga, kinebutan dening elaring manyura, kongas gandane ngambar ngebeki ing pahargyan. Samana dupi wus ngancik titi laksana upacara kirabing panganten, ingkang pinandhegan dening panjenenganipun Bp ………….. pinangka suba manggalaning lampah. Samya enggal arebut ngarsa ingkang arsa ngirabaken penganten. Tata urut runtut rerentengan tata lampah kirabing penganten. Ing ngajeng piyambak winastan sang suba manggala ingkang pinaragan dening Bp …………… Sumusul ing sawingkingipun patah sakembaran ingkang katindakaken anak ayu ……….. dalah rara ayu …………, nunten lampahing sri penganten sekaliyan ingkang datan kendhat gegandhengan asta.
Sumambung ing wuri lampahing sri penganten sarimbit nenggih punika ta warnane sang pratiwa manggala suba ya suba manggala tansah hangetut mring tindaking sang raja sadina ratu sadalu katingal tansah hanjejampang lampah mbokmenawi wonten payo-payo ingkang bakal tumempuh marang sang penganten, satriya sakembaran katindakaken dening bagus …………… dalah bagus …………….. Gandheng renteng reruntungan urut jajar kalih tataning lampah manembrama kirabing penganten, inggih punika para paraga ingkang nggarubyuk kirabing penganten kanthi guyub padhang guwayane katingal amindha putri dhomas. Kapering wuri punika para kulawangsa miwah sumitrane. Datan kantun wingking piyambak kawuryan tansah tut wuri handayani njampangi lampah inggih punika rama dalah ibu nun inggih ingkang hamengku gati sarta kawastanan panutuping kirab.
Kocap kacarita dupi wus samekta para-para ingkang kapatah ing karya hangirabaken penganten, sang suba manggala sigra hanyaketi sasana palenggahaning sri penganten kekalih, gya tanggaping sasmita sri penganten daya-daya jumeneng hangapit gamparan jengkar saking palenggahan hanganthi ingkang garwa, lengkeh-lengkeh nyardhula lupa tindake, pantes kalamun kang samya humiyat kedhep tesmak pandulune dupi nguningani tindaking sang sri temanten.
Repepeh-repepeh andhadhap anoraga, denira lumaksana tumapaking pada anut irama, solah bawane kadya ambeksa, salagane anglam-lami, lah punika Sang Suba Manggala ingkang mangarsani lampah. Sepining penggalih jroning lumaksana kanthi kebak ing pangarah-arah hamung suka tetuntunan dhumateng sri penganten, mugi denira arsa lelumban ing madyaning bebrayan agung tansah anengenaken pangatos-atos pepayung budi rahayu, linambaran tepa sirik ing kadurakan, tresna, amrih ing karukunan, kumawula, mangertos ing wajib, dene sembada, rosa lan adege wreksa waringin ingkang kukuh bakuh bangkit kinarya pangayoman. Kembar busanane, rampak dedeg piyadege, punika ta ingkang sinebat patah sakembaran, ingkang katindakaken dening lare estri ingkang maksih timur, jroning lumaksana sinambi gegojegan; parandene datan saru dinulu nanging malah sangsaya anambahi asrining pandulu.

Kaladuking panyandra ayuning patah sakembaran kaya widadari tumurun, tansah asung puji pangastuti dhumateng sri penganten sekaliyan mugi tansah kinalisaken ing sukerta, cinaketna ing nugraha nganti tumekaning kaki-kaki lan nini-nini, tansah tinangsulan reh darmaning palakrama awewaton wetahing sutresna ingkang suci. Gebyar-gebyar pating pancurat pating palancur kadi taranggana silih sasana, endah edi raras kawuryan, lah punika ta angagemane sri penganten sarimbit. Sri penganten kakung mangagem makutha (dhestar rukmi ginepeng), pinatik kumala, pinatut dening sesumping kembang kanthil miwah dhasi munggwing jangga lir ginupit, datan kantun ngagem sangsangan kencana ingkang carub wor kalawan sangsangan puspita rinonce munggwing jangga tumumpang pamidhangan kanan kering, kawuryan ngegla yayah taksaka munggwing situ banda layu, kaya ula kang ngleker ing uwit, wimbuh saya akarya bregasing penganten kakung. Atela corek langenarjan awarni kresna sinulam benang kencana pating calorot cahyane kena soroting pandam kurung ing madyaning pahargyan yen ta cinandra pindha gumelaring akasa kang kebekan taranggana. Paningset cindhe puspita, epek baludru pinalipit rukmi pinetha modangan (untu walang), wangkingan warangka ladrang, ukiran nunggak semi sinosotya, dhuwung tinatah tinatu rengga sarta sinung gegombyok puspita rinonce, ebah-ebah kinarya lu¬maksana kadulu saya amimbuhi pekiking penganten kakung, nyamping sidamukti pinarada, kacihna lamun nedya sesarengan nggayuh kamukten apancadan kaleksananing palakrami.
Temanten putri dedege sedheng ora dhuwur ya ora cendhek sayekti wimbuh hamantesi, sasolahe milangoni, lelewane nuju prana, rinengga ing busana edi endah, ngagem cundhuk awangun wulan tumanggal tinarates sesotya pinatut kalawan cundhuk mentul ingkang tansah ebah-ebah yen kinarya lumampah, kalamun cinandra kadi anggane wong ayu kang lagya ngawe-awe bebedhangane. Ukel rinengga ponang puspita endah kawuryan asri yen dinulu.
Sangsangan rukmi ingkang kinarya tiba dhadha, pinatik-patik sesotya, satuhu karya lam-laming kang samya humiyat. Kebayaknya awarni langking sinulam benang kencana kembar padha irenge kaliyan busanane temanten kakung. Cetha kalamun panganten sarimbit wus saruju boboting katresnan, mila jroning lumaksana tansah pepuletan asta datan ginggang sarekma pinara sasra, ajrih uwal kalawan ingkang garwa dhasar timbang rasa tresnane. Tandang tanduke rasa lumaksanane panganten ingkang tansah runtang-runtung rerentengan dhumateng sagunging para taruna satemah enget marang pepacangane, panglocitaning wardaya yen ta kawedhar ing lathi, “Suk kapan bisa dadi manten kaya dina iki ? Tansah gawang-gawang raketing sih katresnan”. Para werdha ingkang uninga sri penganten sarimbit satemah enget mring darmane, gya paring pepuji, “muga tutuga anggenira jejodhohan, lestari nganti purnaning mangsa, sih kinasihan kadya angganing mimi kang lagya amintuna”. Katingal prayitneng kewuh memayungi yuwananing penganten, punika ta taruna kekalih kang pindha senapatining prang. Dhasar pekik ing warna sinasaban busana adi. Mila tambah gawang-gawang cahyane, kentar-kentar katon bergase, tebah jaja atampel wentis para warara ingkang samya humiyat, njinggleng pandulune hamaspaosaken taruna kekalih.Lumaksana jajar kalih dhampyak-dhampyak, punika ta warnanira para warara pangaraking lampah ingkang pindha putri dhomas. Sadaya sami sulistya ing warni, upamia puspita nedheng-nedhenging mekar mangrurah sari, mila pantes kalamun akarya gawoking paningal, langkung-langkung para jejaka ingkang humiyat kami tenggengen, pangengeting wardaya bilih kawedhar ing lathi, “Adhuh-adhuh putri kok endah-endahing warni, kapan ya aku methik sawiji kaya sri penganten iki?” Maneka warna busanane kadya puspita hanjrah salebeting taman. Ing wuri para putri dhomas sumusul para kulawangsane sri penganten, tansah jumurung angombyongi kirabing panganten sarimbit. Ingkang tansah tut wuri handayani lampahing panganten kekalih, minangka panutuping lampah, rama lan ibu ingkang hamengku gati. Bombong sarta birawaning manah sang panutuping kirab, dene atmajane wus kalampahan jinatukrama ing kakung kang wus dadya pepilihing ati sarta kaiden dening para sepuh anut reh satataning nagari ugi saged nguningani dhauping putra sineksen dening sagung para tamu.
Pramila jroning lumaksana pethiting lampah tansah asung pepuji ing salebeting kalbu, mugi-mugi berkah lan pangestuning para sepuh andayanana mring sri penganten sarimbit.

Panyandra Temanten Kirab II
Wus paripurna sri penganten nggenira ganti busana, sang suba manggala gya hanganthi sri penganten saking sasana busana manjing wisma pawiwahan, arsa kalenggahaken ing sasana kursi rinengga. Tataning lampah sajuru anut tataning kirab.
Prapta ing wiwaraning wisma pahargyan lampahe kagyat kagora wekasan sang suba manggala uninga eden-eden upa rengganing gapura, ing tawing kanan kering rinengga adi tinata peni, raras kawuryan, dene wisma pahargyan rinengga janur kuning kinarya, tuhu wasita sinandi tumrap sang penganten ing jarwanipun, ing tembe sri penganten dadya ugeraning brayat ingkang anggung angudi karukunan kanthi tumaneming raos rumangsa handarbeni, wajib hangrungkebi, mulat sarira hangrasa wani, jumbuhing panggalih temah tebih ing cecengilan. Nggenggeng pepuletan tinangsulan ing saka angrenggani pandhapi lah punika pradapa manca warni ingkang tinunggulan pradapa waringin, royoming adhem hangayomi.
Mila pantes kalamun dadya lambang keblating lelabuhan, mangkana pangudasmaraning driya yen ta kawedhar ing lesan, sang suba manggala dupi humiyat pradapa waringin ingkang dadya tetungguling pradapa manca warni.
Sajuru-juru tataning lampah kirabing penganten ingkang wus ngagem busana kapangeranan. Tataning lampah kadi napak tilas lekase sang sarjana linangkung ingkang wus murut ing kasedan jati Ki Hajar Dewantara, “Ing ngarsa sung tuladha, ing madya rnangun karsa, tut wuri handayani”. Upacara kirabing penganten saya tambah adi kawuryan karana sri penganten wus ngagem busana kasatriyan candrane kadya Raden Dhanang Sutawijaya atmajane Ki Pemanahan, hanganthi garwanira Dewi Samangkin, putra putrinipun Sunan Bagus Prawata ing Kalinyamat ameng-ameng ing udyana patamanan mirsani puspita ingkang nedheng-nedhenging ambabar ganda arum.


Dene Suba manggala yen cinandra kadi Ki Suwandageni, atmajane Ki Demang Sangkalputung miwah Sang Agung Sedayu, yogane Ki Sadewa ingkang kekalihipun saking talatah Jatinom. Putri dhomas ingkang minangka para warara, kawuryan kaya putri perdikan saking bawah Banyubiru. Panutuping kirab anggung hanjampangi lampah, kadulu kadi Ki Ageng Panjawi pamomonging Sutawijaya duk ing nguni.Kirabing pinanganten wus prapteng madyaning pandhapi penganten anggung sru panyuwunipun dhumateng sagunging para tamu mugi kanthi donga pamuji satemah andayani tutug ingkang ginayuh ing wardaya. Sarta tansah kadumugen sarwi jinangka, jumbuh kaliyan kekudanganipun tiyang sepuhipun.
Saya raket rinaketan ing sasana kursi rinengga lampahe sri temanten gya ingacaran lenggah. Dupi sang temanten wus lenggah jajar ing kursi rinengga, sang suba manggala gya sasmita dhumateng para warara ingkang hanggarubyug lampah, wangsul ing papane sowang-sowang.
Blog, Updated at: 22.18

0 komentar:

Posting Komentar

Guna Pengembangan Blog ini admin mohon komentarnya_terimakasih.